Rabu, 20 April 2011

TAN BISA MINGKUR

dening : chahyo

Tan kendhat anggonku kupiya mingkur
Pandelengan wus mawas kadohan
Ananging ati iki tetep kenceng datan mosik
Kepara malah mlaku dewe marani sing tak dohi
Kamangka wus kamangerteni yen iku amung muspra
Kaya laron kang marani padange oncor
Wus mesti bakal kobong

Prakara kang kawawas sepele iki
Pranyata ngremit
Angele ngluwihi ngudhari bolah ruwet
Wus kadung kadlarung dlarung
Wekasane kaya ngene iki tundhone

Aku wus kadung tiba kesandung lan tatu
Apa aku kudu sakteruse gumlethak
Ora...
Iki amung godha cilik ra sepira
Aku kudu bisa bali ngadeg lan jumangkah meneh
Mawas paran lan nglaleke rasa
Senadyan abote tan kaya kaya

Paran katon saya adoh
Laku dadi saya dawa lan abot
Yen rasa iki tansah kagembol
Aku kudu age age ucul saka kahanan iki
Supaya bisa ngrampungke laku

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Tidak ada komentar: