Sabtu, 16 April 2011

LAYUNG ING WAYAH SORE

dening : chahyo

Wus sawetara suwene ati iki njajah desa milangkori
Angupadi pandhita kang lumuh ing ngelmu wanuh ing laku
Kang bakal amejang tirta wening pangruwat rasa
Kanggo nyirep sengseming sunar layung
Ara ara, segara, arga, wana wus kaliwatan
Rina lawan wengi tan kendhat angone lumaku
Ananging tetep tan bisa anemokake

Kupiya kang tanpa guna
Anjalari sayahing jangkah
Pungkasane amung bisa meneng tanpa daya
Pranyata amung meneng wae datan bisa

Amarga...
Senadyan talingan ing madyaning wengi kang sepi
Ananging kang kaprungu suaraning oceh ocehan ing wayah awan
Senadyan netra ing pucuk arga
Ananging kang katon karameane kutho ing kadohan
Sanadyan lathi iki mingkem rapet
Ananging ati tansah tetembangan kidung duhkita

Pranyata...
Ati iki wus kadung keyungyun
Ati iki wus kadung kelepan rasa
Ati iki durung bisa mingkur
Ati iki durung bisa kalulutake
Ati iki kadung kablerengen...
Marang edining sunar layung

Pandhita sangsaya angel katemokake
Apamaneh tirta wening
Amarga layung ing wayah sore iku...
Tansah angreridu
Tansah nggegiri godha
Kadung angliputi langit wayah sore

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Tidak ada komentar: