Minggu, 24 April 2011

GODHA RENCANA

Godha rencana iku pancen wasis
Dheweke mangerti yen aku ora doyan kadonyan
Mula nggiri godha aku ora liwat kadonyan
Dheweke ngerti pangapesanku ana ing ati

Sak wijining dina dheweke tumeka marang aku kang lagi pas kalenan
Mbanjur namakake jemparinge kanthi alus tan karasa
Lagi karasa mbareng wus tumancep jero ing pulung ati

Sanadyan amung jemparing ananging tumancep jero ing ati
Lan dayane anjalari ati ora jenjem
Lan tansah umyeg
Uga mahanani sakebehing paripolahku
Paningal dadi ora permana amarga tansah kamikatonen
Talingan dadi suda amarga tansah kamirungonen
Pikiran dadi kerep nglambrang ra karu karuan
Awak dadi dahwen ing pakaryan
Njalari aku dadi kateteran ing madyaning pabaratan iki

Anangin bejaning awak aku isih eling
Kawaspadanku jumedul sanadyan wus kadaluwarsa
Aku eling yen kabeh laralapa iki amarga jemparing kang tumancep
Mula aku bisa nglawan kabeh karep kang ora sakmestine
Amarga dayaning jemparing iku

Aku dadi pengin mangerteni
Sepira suwene jemparing iki krasan tumancep ing ati
Sepira suwene dayaku bisa nglawan dayaning jemparing iki
Lan ing tembe sapa kang bakal kalah ing pabaratan iki
Aku kang bakal kapanjingan daya jemparing iku
Apa jemparing kui tetep tumancep anganging tanpa daya

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Tidak ada komentar: