Jumat, 22 April 2011

RASA KANG KAPENDEM


dening : chahyo

Rasa iki pancen ngewuhake
Adreng pengin weruh
Ananging....
Sakwuse mangerteni yen bisane amung nyawang kewala
Tan bisa ngapa ngapa
Tundhone malah amung ngungun
Wekasane kadya bocah kang amung nyawang layangan tatas
Nedya melu ngrayah ananging datan duwe uthik
Utawa kadya bocah angon kang nedya nggiring kewane
Ananging datan bisa awit datan duwe pecut

Hapsari kang aneng kahyangan
Tetepa sliramu ana ing kono
Kanthi esemira kang anyemekake tanem tuwuh
Lan nggawe grengsenging panguripaningsun

Ingsun mangerti sapa sajatiningsun
Ingsun amung sudra kang ngulandara abadan sapata
Tanpa papan lan panggonan
Yekti ora saktrepe yen anggadhang nggadhang sliramu

Hapsari kang aneng kahyangan
Sira aja was sumelang
Ingsun dudu janma kang adigang adigung adiguna
Kang seneng angruda paripeksa
Ingsun datan bakal ngrabasa kahyangan
Supaya bisa amboyong sliramu
Ingsun datan mentala yen sira aneteske waspa
Awit tumesesing waspanira
Andadekake prahara ing saklumahing buwana
Lan anjalari lemah subur dadi cengkar

Hapsari kang ana kahyangan
Cukup tumrapingsun nyawang pari polahira saka kene
Rasaningsun iki cukup aneng atiningsun
Datan perlu kamangerteni dening liyan
Lan bakal sirna bareng leburing jasadingsun

kotagede,

April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Tidak ada komentar: