Rabu, 18 Mei 2011

NGADEPI PASUMPENAN


dening : chahyo

Wus makaping kaping
Paraga iku jumedhul ing pasumpenan
Lan mesthi katon ing kanyatan
Ora kurang kurang anggone anyelaki
Ananging kaya ana kang anjurung kadadean
Lan tetep wae ora bisa kasingkiri

Kagawa saka kulinane nglakoni
Kadadean iku ora mahanani ing samubarang
Patemon lan patemon kalakoni tanpa rasa
Ora kaya rikala semana ati tansah poyang payingan

Wus dadi katetepan
Sumedya nyingkirake wewayangan kang tanpa gatra lan samar
Kang nuwuhake rerasan ora sakmestine
Lan anggawe karep ora saktrep

Wengi iki ati wus sumadya
Ngadepi pasumpenan kaya kang uwis
Ing pangajab cetha dikaya ngapa
Sumpena iku ora njalari apa apa

kotagede,
Mei - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Jumat, 06 Mei 2011

ING SAK WIJINING WENGI

Dening : chahyo

Wengi saya sepi
Ati wening alon lumaku
Tumuju mahasing ngasepi
Ananging pikir kaseret lelamunan
Satemah ngadoh saka tentrem lan wening

Pasulayan pepinginan lan nalar tanpa wusana
Angen angen kang ngaya wara
Njalari ati tan bisa gembleng
Dalan panembah saya reged
Saya adoh
Saya samar

Pangimpen kang tan dadi nyata
Pepenginan kang tan kasembadan
Manjalma lelamunan katon nyata
Nambah rereged ing ati
Nambah ruwet ing pikir

Wusane
Sadawane wengi
Amung wira wiri
Amung glibat glibet
Amung mubeng mubeng
Ing sakdawane lurung
Nuruti bingung

Kotagede , Mei-2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Senin, 02 Mei 2011

angin tumiup

Dening : chahyo

Sakwuse kluwung iku ngatonake cahyane kang asri
Jagad dadi horeg
Angin tumiup saya banter
Ora kaya dina dina sakdurunge

Angin kang tumiup banter
Nuwuhake kakarepan mumbul
Anjalari pikiran kumleyang
Uga anjalari ati tansah polah

Ana pangajab angin iki tumiup lumrah kaya biasane
Sumilir ing sela selaning pang wit witan
Tanpa njalari gogroge godhong godhong garing

Ana pangajab angin iki tumiup kanthi alus ing langit
Tanpa njalari buyare mendhung kang bakal dadi udan

Angin kang tumiup alon
Ora bakal nabrak gunung
Ora bakal nerjang rembulan kang lagi andhadhari
Anjalari kadadean kadadean lumaku kanthi sakmestine

Kotagede , mei - 2011