Kamis, 28 April 2011

SAYA MANDHEG MANGU


dening : chahyo

Ing wayah sore kui
Srengenge mesem sak durunge angslup
Kanthi ninggalake warna abang ing langit kulon
Kena apa sakdurunge angslup ndadak mesem barang
Ndadekake ati kang wus mungkur bali mandeg mangu
Mripat kang nyawang wetan
Dadi noleh marang langit kulon

Ing wengi iki
Pikiran kang kudune suwung
Dadi kebak relung kang pating plungker
Mripat amung kethap kethip
Ora bisa merem
Wengi iki krasa luwih angelangut
Bakal kalakoni tanpa turu
Ananging kebak impen
Impen nyawang srengenge kang mesem ing wayah sore

Ananing ing sore candake
Langit kaliputan mendung angendanu
Ngalang alangi sesawangan
Eseme srengenge kang kaantu antu ora katon
Lan ora ninggalake warna abang ing langit
Langit katon amung surem
Mendung saya angendanu
Ora sawatara suwe udan teka
Kanthi nggawa rasa kekes
Ati kang kagelan dadi saya ngenes

Apa eseme srengenge kang angslup bakal katon maneh
Ora ana sing ngerti
Kang bisa kalakoni amung ngantu antu pambiyantune langit
Supaya nyingkirake mendung ing wayah sore

Menawa langit mangerteni marang pangarep arep iki
Kang ngantu antu eseme srengenge ing wayah sore
Bakal ana perkara anyar
Yakui ati kang saya mandeg mangu
Madep mangetan nanging nyawang langit kulon

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Tidak ada komentar: