Senin, 25 April 2011

SAKWUSE PATEMON PATEMON

Kadadean iki ora sakmestine
Ananging ora ana kang ngerti lakuning pepesten
Ing patemon pisanan ora ana apa apa
Ananging patemon patemon terus kadadean
Lan owah owahan kawiwitan mbaka sithik
Wusanane kahanan dadi ora biasa meneh

Sakwuse patemon patemon kui
Esem kang maune katon tanpa makna
Saiki malik dadi amranani
Anjalari ati kang maune anteng
Saiki tansah molak malik
Kadangkala jejogedan kekiter
Liya dina meneng susah

Sakwuse patemon patemon kui
Solah bawa kang maune katon lumrah
Saiki dadi narik kawigaten
Njalari pikiran kang meneng
Saiki tansah mobah mosik
Kadang kala kebak werna werni
Liya dina suwung tumlawung

Sakwuse patemon patemon kui
Dina dina kang biasa dadi dawa lan abot
Wengi kang sepi dadi kebak pangimpen
Udan, terang, panas, adem lunga teka

Terkadang
Ana pangajab ubenge donya iki bisa mandeg
Lan kahanan bali kaya wingi uni
Bali sepi lan tentrem
Ananging pangajab tetep dadi pangajab
Roda wektu wus bacut mlayu
Ora bisa kabalekake

Dina dina terus lumaku
Donya iki terus mubeng
Roda wektu terus mlayu
Prahara iki bakal terus kadadean
Saklawase...

kotagede , April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Tidak ada komentar: