Jumat, 30 Maret 2012

PRAKARA SEPELE

Dening : chahyo

Ana pangrasa jroning ati
Tansah ngayangi ayangi
Dudu pangira nanging ngimpi
Prasaja nanging angel kailangi
Tarwaca nanging abot kaadepi

Pancen nggumunake
Prakara kawawas sepele
Nanging nyata dadi gawe
Kuwarasan kasepeleke
Seprana seprene
Angel kasingkirake

Lelaku wus sakwetara
Wus lumuh ing waspada
Wus wanuh mring rencana
Kudune ora kena godha
Nyata luput ing panggraita

Apa mung tekan semene
Laku jati wus adoh katindake
Kandhas merga perkara sepele
Yen mengkene
Wus direwangi ngorong lan luwe
Bakal ora ana gunane

Kotagede , Maret - 2012

MAHASING NGASEPI

Dening : chahyo

Raga jinem
Netra merem
Pikiran lerem
Ati tentrem

Tan ana suara
Tan ana pangrasa

Kahanan sirep ing sepi
Kaheningan deres mili
Suksma nrabas ngimpi
Nuju dhasaring jaladri

Lakuning layaping aluyut
Sangsaya angelangut
Amiyak warana pedhut

Tanpa tepi
Katon sepi
Alam sonya ruri
Amung ana dhiri pribadhi

Swasana padhang
Sumunar terang
Cahya gumilang

Kuwi dudu pungkasan
Nanging kawitaning lelampahan
Anuju kaswargan
Alam kadhewatan

Kotagede , Maret - 2012

Senin, 26 Maret 2012

ANGIN SUMILIR AMIYAK WEWADI

Dening : chahyo

Angin sumilir ing wayah wengi nerak ati amiyak wewadi
Kang kasingget jroning jaladri
Kang wus kasirep ing sepi
Hawa dadi mengangah lan mubal pindha agni

Angin sumilir ing wayah rahina
Nggawa gambaran kang wus sirna
Kang wus cicir ing rikala semana
Angelingake rasa kang wus sirna
Amegarake kembang jroning nala

Rasa uwal saka pasetran
Ngrabasa pasumpenan
Angreridhu kasunyatan
Jagad ngadoh saka kasuwargan

Raga nglumpruk tanpa daya
Ati sumeleh tanpa upaya
Kaya mina mlebu ing jala
Kaya panah kang kraket ing gandhewa
Kaya kewan kejiret ing kala

Kotagede , Maret - 2012

Minggu, 25 Maret 2012

PITAKONAN TANPA JAWABAN

Dening : chahyo

Pitakonan,
Kang tansah gumandhul ing pikiran
Kang tansah ngalang alangi panjangkan
Kang tansah kagawa mlebu ing pasumpenan
Seprene durung nemokake jawaban

Yen apa kang katon amung samudana,
Apa sejatine kang ana ing sakjrone kana

Yen kabeh kang kaprungu amung suara
Apa kang ana ing sajroning sonya

Yen kang karasa amung hawa
Apa kang sakjrone wanda

Yen kang ana amung warana
Apa kang ana ing suwaliking kana

Pitakonan kang ngayawara
Luwih becik rumangsa
Yen aku iki udu apa apa

Yen aku iki udu sapa sapa 

Yen aku iki ora bisa apa apa

Luwih becik ndulu kang ana
Luwih becik ngrungoke suara
Luwih becik ngrasakake hawa
Sangsaya prasaja
Sangsaya prayoga

Kotagede , Maret - 2012

Sabtu, 24 Maret 2012

SASMITA KANG KASAMUDANA

Dening : dening chahyo

Pamawas makantar pinda agni
Lamun kapirsani manungkul ing siti
Polatan lingsem kalicutan yen kacaketi
Ceta iku sasmita kang mratandhani

Rasa ing suwaliking kabeh mau
Kang wus kadadean sawetara wektu
Nyata tan kawistara tan semu
Ananging yekti rasa kang dak antu

Mungguh tanggap ing sasmita
Anjarwani makna kang kasamudana
Lan mangerti kang kudu katindakna
Ora bakal ana rasa lara
Ora ana keduwung ing wusana
Bakal ana sesambungan kang binuka
Lan rasa bakal tuwuh ngrembaka

Saiki solah bawa ora kaya wingi
Kapara katon angadohi
Katon ana kuciwa ing ati
Sasmitane ora katanggapi

Kotagede , Maret - 2012

Jumat, 23 Maret 2012

KAREP NGAYAWARA

Dening : chahyo

Pikiran pating sliwer pating sliri
Manjalma gatra kadhang peteng ngewuhi
Ngluberi papan suwung telenganing ati
Ndadekake sesanggan dadi anteb ngebot boti

Lelamunan sumebar
Sakidhenging jagad gumelar
Angen angen miber kekiter ing jagad samar
Pindha peksi ngumbar obahing elar
Tan bisa kapekak dening nalar

Kareping ati nuju gegayuhan
Tangeh lamun dadi kanyatan
Awit amung lelamunan tanpa pepindhan
Bebasan nyekel wewayangan

Ambegan megap megap karegem karep ngayawara
Kerem dadi slangkrah ing dasaring samudra
Nambahi slangkrah slangkrah kang wus ana

Kotagede : Maret - 2012

Selasa, 20 Maret 2012

KANG DIANTI CIDRA ING JANJI

Dening : chahyo

Tetuwuhan semi nuli thukul ngrembaka
Ombak lunga lan teka ing gisik segara
Mangsa lir gumanti antaraning rendheng lang ketiga
Semono uga gumilire ratri kelawan rahina
Iku mratandhani lakuning jantra mangsakala
Kang mahanani mobah mosiking ing sedaya

Ananging ana kang tansah ora ambedani
Kartika tansah kelap kelip ing angkasa wayah wengi
Bagaskara tansah jumedhul ing pungkasaning ratri
Banyu kali tanpa kendhat tansah mili
Kadya ilining rasa kang mili ngugemi prasetyaning ati
Rina wengi tansah lungguh sakjroning panganti anti
Ndulu kadohan ngajab tekane geganthilaning ati

Wusanane ing sakwijining dina
Kang kagadhang gadhang teka
Ananging kanyatane luput ing panggraita
Kang kinanthi anganthi paraga liya
Kamitenggengen merga ora percaya
Ati krasa rinujit rujit saknalika
Pasuryan tumungkul netra kumembeng waspa

Asta kang asring  kagandheng ing rikala semana
Saiki wus gandheng wong liya
Asta kang asring karegem ing rikala semana
Saiki driji manise wus kanggonan kalpika kencana

Kotagede , Maret - 2012

Jumat, 16 Maret 2012

ANGGADHANG BAYU

Dening : chahyo

Pamulat tumungkul ing bantala
Esem kasidhem lingsem yenta kapyarsa
Jiguh pekewuh nyandhet ilining pangrasa
Datan kinawruhan ubaling dahana
Mubal mubal kasingitake ing telenging
nala

Pancen sira sarwa ngewuhake
Kadya ayang ayang kanyatane
Den caketi ngadoh den dohi malah
ngetutake
Sun jarake sira meneng wae

Pindha lebu kabuncang bayu
Sira tansah lumayu
Tan ana kalodhanganing wektu
Kanggo nyaket mrang sliramu
Lan amiyak warana jroning kalbu
Supaya mangerteni jatining rasa satuhu

Kotagede , Maret - 2012

Senin, 12 Maret 2012

OWAH OWAHANING JAMAN

Dening : chahyo

Pradesan ilang kumarane
Bengawan ilang kedunge
Pasar ilang gumrenggenge
Mratandhani wus malik jamane

Owah owahan uga ana ing praja
Raja adigang adigung adiguna
Nayaka ngumbar angkara
Punggawa nilar laku utama
Kawula padha mbalela

Pranatan ora kagunake
Paugeran padha kalirwake
Putra duraka mrang wong tuwa
Pramudha padha tumindak dursila
Wong tuwa padha murang tata
Manungsa lali mrang sapadha padha
Wus padha kelangan trapsila

Jagad uga owah kahanan
Yen ketiga nerak dawa sumur padha kasatan
Yen rendheng udan prahara banjir ing endi endi papan
Lelara saya pepak tanpa kausadanan

Iki owah owahaning jaman
Apa pungkasane jaman
Apa gagrag anyare jaman bakal kawiwitan
Sing mangerti amung Sang Mahawikan

Kotagede , Maret - 2012

Minggu, 11 Maret 2012

PAPA CINTRAKA

Dening : chahyo

Rupa sulistya rinengga esem
Netra andulu tajem
Sak solah bawane anggawe sengsem
Njalari rasa karoban sih pindha baita kelem

Paraga iku nyata merak ati
Sumunar pindha rembulan ing wayah ratri
Ati datan kuwagan angadhepi
Njalari kedher pasedyan anyaketi

Adrenging rasa tan bisa kapenggak
Kemudu mudu enggal nyedak
Ananging pangucap mandheg ing telak
Klakep pindha orong orong kepidak

Dhuh dewa kamajaya
Kena apa nibakake papa cintraka marang jiwangga
Jemparingira wus natoni nala
Tumancep jro temeka ing sumpena

Kotagede , Maret - 2012

Kamis, 08 Maret 2012

TETEP SETYA

Dening : chahyo

Duk rikala semana
Ing gisiking samudra
Sineksenan ara ara wedhi kang amba
Paraga loro sumpah prasetya
Sumadya bebarengan lelangen ing asmara
Bakal nuladha mimi lan mintuna
Nanging ing kanyatan kadadeyan beda
sang kenya cidra mrang prasetya

Lathi nggeget nahan tangis
Kelingan kang uwis uwis
Kang pranyata amung lamis
Esem manis pranyata ngganda amis
Nedya rumaket tundhone kalis

Memanising ati ngulandara
Tanpa kanyana lan ninggal duhkita
Tanpa kawruhan parane ngumbara
Nanging mokal ngilangi rasa
Amarga kadhung ketaman jemparinge kamajaya

Wanci lir gumanti
Nanging tetep ana panganti anti
Netra tansah andulu pucuking jaladri
Ing pangajab memanising ati bakal bali
Sanadyan ing kadohan amung katon peksi

Kotagede , Maret - 2012

Rabu, 07 Maret 2012

PEPISAHAN

Dening : chahyo

Mlaku bareng wus kalakoni
Warna warna kadadeyan wus kaalami

Tansah bebarengan rahina lawan ratri
Nalika ati loro ra bisa nyawiji
Mesti bakal anerak janji
Kapeksake nunggal ra nentremke ati

Dalan loro kudu siji kang dadi pilihan
Manengen tumuju kasampurnan
Mangiwa tumuju kadonyan

Aku manengen parane
Sliramu mangiwa parane
Kudu kalakoni dhewe dhewe

Ana patemon ana pepisahan
Ana sakloron ana dhewekan
Sanadyan susah mesti
kalampahan

Ora ana tembung saka lathiku
Pamujiku muga manggiho rahayu
Muga ing alam wusana bisa ketemu

Kotagede , 07 - Maret - 2012

ASMARADANA

Dening : chahyo

Lathi nggula sakthemlik sepet madu eseme
Netra alise nanggal sepisan ndamar kanginan pamandenge
Asta nggendhewa pinenthang merak kasimpir lembehane
Pawakan lencir kuning macan luwe lakune

Duh hapsari
Kapan aku bisa ngucapake pangalembana iki
Karep kang tatag tansah ora pesthi
Mandheg mangu tansah ngalang alangi
Dadi poyang payingan ing ati

Duh kusuma
Sliramu kaya samirana
Lunga teka tanpa ukara
Tanpa rumangsa yen aku ana
Kaya kaya aku dudu apa apa

Duh pepujaning atiku
Mesema sanadyan ing impenku
Senadyan sakedheping netra sawangen aku
Yen patemon ra kelakon cukup angganda arum sliramu

Kotagede, 07 - Maret - 2012

PANGAWE KANG ORA KAGAPE

Dening : chahyo

Impenku kepaku jroning turu
Kepantek ora bisa mlaku
Ora manjalma dadi nyata
Kaya kartika
Kang tetep ing angkasa

Iseh gumawang nganti seprene
Nalika iku ing wayah sore
Kanti esem ing lambe tangan kui ngawe awe
Nanging aku ora nggatekake
Tangan kui ngarep arep aku nggape

Ora ana panggraita yen iku pungkasaning prastawa
Kukila kui wus mabur ngungkuli harga
Ora bisa kadulu dening netra

Angendanuning mega mendung
Barengi ati kang keduwung
Kukila lunga ninggal suwung

Langit wetan kang wis padang
Ora ngilangi rasa kapang
Lan pangawe awe tansah gumawang
Sak lawase ora bakal ilang

Kotagede , 06 - Maret - 2012

LARA BRANTA

Dening : chahyo

Wengi nggremet tanpa greget
Pikiran buntet ing peteng ndedet
Wewayangan tansah gumlibet ing repet repet

Sikil sayah sakdurunge jumangkah
Tangan grayah grayah klangkah
Nrima salah bangga kalah

Kahanan iki pancen nganeh anehi
Wus ngati ati meksa ngalami
Mawar kang edi peni kui tansah nglimputi ati
Tanpa bisa kacedaki lan andarbeni
Nedya kailangi eri kadung tumancep ing sanubari

Rasa terus bakal kagawa
Lara branta ora ana usada
Amung bisa kaujarna nadyan rekasa
kapeksa tambah sengsara
Nadyan ora saknalika
Ing wusana bakal sirna

Kotagede , 06 - Maret - 2012

KAGAWA MLEBU IMPEN

Dening : chahyo

Ratri sumilak angkasa tanpa mendung
Lintang lintang kumedep abyor
Candra kirana andadari kaya padatan

Ananging ing wengi iki ora
Sawijing pasuryan sulistya gumawang ing tawang
Tambah sumunar praba pasuryan karenggan candra kartika 
Tanpa kluwung angkasa katon maneka warna
Tanpa puspita ganda amrik angambar

Sangsaya wengi sangsaya sepi
Pasuryan sulistya ora sirna
Ananging ambarengi sun mlebu alam impen
Pasuryan sangsaya nglela anyarira
Sun gandeng ngambah jumantara
Tumuju ing telenging pasumpenan

Kotagede , 06 - Maret - 2012