Selasa, 26 April 2011

WEWAYANGAN KANG GUMLIBET


dening : chahyo

Wengi iki katone sepi
Nanging saknyatane ora
Jalaran ati iki bali goreh
Amarga wewayangan kui ngaton maneh
Sanadyan amung gumlibet ana pangimpen
Amung ngimpi wae wis kaya ngene
Apamaneh yen kadadean nyata
Wus mesti tambah ra karu karuan

Kadang ana pitakonan
Kena apa wewayangan iku ana
Iku ana saka karepe dewe
Apa dianakake
Apa sakjane bisa kasingkirake
Ananging aku isih ngeman
Lan tanpa sengaja ngupakara wewayangan iku

Aku kang tansah nggegulang ing bebener lan kasunyatan
Pranyata isih ana perangan kang ora manut paugeran
Lan mlaku dewe tanpa bisa kakendaleni
Lan njalari nuwuhake lelakon iki

Ati iki ora mesti wening
Kadang ngerti endi sing bener kadang ora
Pikiran iki ora mesti waspada
Kadang ngerti endi sing nyata kadang ora
Kui anjalari wewayangan kui tansah gumlibet

Dudu salahe wewayangan kui ana
Ananging aku wae kang durung sampurna ing kawaspadan
Kadang waspada
Kadang lena
Ananging akeh lenane

Ing babagan siji iki pancen aku isih lugu
Mula kuwi tansah dadi alangan
Amung kulina ngadepi kang nuwuhake
kawaspadan

Kang tak ajab
Cukup wewayangan kang gumlibet ing impen
Lan ora kadadean ing kanyatan

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Tidak ada komentar: