Rabu, 18 Mei 2011

NGADEPI PASUMPENAN


dening : chahyo

Wus makaping kaping
Paraga iku jumedhul ing pasumpenan
Lan mesthi katon ing kanyatan
Ora kurang kurang anggone anyelaki
Ananging kaya ana kang anjurung kadadean
Lan tetep wae ora bisa kasingkiri

Kagawa saka kulinane nglakoni
Kadadean iku ora mahanani ing samubarang
Patemon lan patemon kalakoni tanpa rasa
Ora kaya rikala semana ati tansah poyang payingan

Wus dadi katetepan
Sumedya nyingkirake wewayangan kang tanpa gatra lan samar
Kang nuwuhake rerasan ora sakmestine
Lan anggawe karep ora saktrep

Wengi iki ati wus sumadya
Ngadepi pasumpenan kaya kang uwis
Ing pangajab cetha dikaya ngapa
Sumpena iku ora njalari apa apa

kotagede,
Mei - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Jumat, 06 Mei 2011

ING SAK WIJINING WENGI

Dening : chahyo

Wengi saya sepi
Ati wening alon lumaku
Tumuju mahasing ngasepi
Ananging pikir kaseret lelamunan
Satemah ngadoh saka tentrem lan wening

Pasulayan pepinginan lan nalar tanpa wusana
Angen angen kang ngaya wara
Njalari ati tan bisa gembleng
Dalan panembah saya reged
Saya adoh
Saya samar

Pangimpen kang tan dadi nyata
Pepenginan kang tan kasembadan
Manjalma lelamunan katon nyata
Nambah rereged ing ati
Nambah ruwet ing pikir

Wusane
Sadawane wengi
Amung wira wiri
Amung glibat glibet
Amung mubeng mubeng
Ing sakdawane lurung
Nuruti bingung

Kotagede , Mei-2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Senin, 02 Mei 2011

angin tumiup

Dening : chahyo

Sakwuse kluwung iku ngatonake cahyane kang asri
Jagad dadi horeg
Angin tumiup saya banter
Ora kaya dina dina sakdurunge

Angin kang tumiup banter
Nuwuhake kakarepan mumbul
Anjalari pikiran kumleyang
Uga anjalari ati tansah polah

Ana pangajab angin iki tumiup lumrah kaya biasane
Sumilir ing sela selaning pang wit witan
Tanpa njalari gogroge godhong godhong garing

Ana pangajab angin iki tumiup kanthi alus ing langit
Tanpa njalari buyare mendhung kang bakal dadi udan

Angin kang tumiup alon
Ora bakal nabrak gunung
Ora bakal nerjang rembulan kang lagi andhadhari
Anjalari kadadean kadadean lumaku kanthi sakmestine

Kotagede , mei - 2011

Kamis, 28 April 2011

SAYA MANDHEG MANGU


dening : chahyo

Ing wayah sore kui
Srengenge mesem sak durunge angslup
Kanthi ninggalake warna abang ing langit kulon
Kena apa sakdurunge angslup ndadak mesem barang
Ndadekake ati kang wus mungkur bali mandeg mangu
Mripat kang nyawang wetan
Dadi noleh marang langit kulon

Ing wengi iki
Pikiran kang kudune suwung
Dadi kebak relung kang pating plungker
Mripat amung kethap kethip
Ora bisa merem
Wengi iki krasa luwih angelangut
Bakal kalakoni tanpa turu
Ananging kebak impen
Impen nyawang srengenge kang mesem ing wayah sore

Ananing ing sore candake
Langit kaliputan mendung angendanu
Ngalang alangi sesawangan
Eseme srengenge kang kaantu antu ora katon
Lan ora ninggalake warna abang ing langit
Langit katon amung surem
Mendung saya angendanu
Ora sawatara suwe udan teka
Kanthi nggawa rasa kekes
Ati kang kagelan dadi saya ngenes

Apa eseme srengenge kang angslup bakal katon maneh
Ora ana sing ngerti
Kang bisa kalakoni amung ngantu antu pambiyantune langit
Supaya nyingkirake mendung ing wayah sore

Menawa langit mangerteni marang pangarep arep iki
Kang ngantu antu eseme srengenge ing wayah sore
Bakal ana perkara anyar
Yakui ati kang saya mandeg mangu
Madep mangetan nanging nyawang langit kulon

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Selasa, 26 April 2011

WEWAYANGAN KANG GUMLIBET


dening : chahyo

Wengi iki katone sepi
Nanging saknyatane ora
Jalaran ati iki bali goreh
Amarga wewayangan kui ngaton maneh
Sanadyan amung gumlibet ana pangimpen
Amung ngimpi wae wis kaya ngene
Apamaneh yen kadadean nyata
Wus mesti tambah ra karu karuan

Kadang ana pitakonan
Kena apa wewayangan iku ana
Iku ana saka karepe dewe
Apa dianakake
Apa sakjane bisa kasingkirake
Ananging aku isih ngeman
Lan tanpa sengaja ngupakara wewayangan iku

Aku kang tansah nggegulang ing bebener lan kasunyatan
Pranyata isih ana perangan kang ora manut paugeran
Lan mlaku dewe tanpa bisa kakendaleni
Lan njalari nuwuhake lelakon iki

Ati iki ora mesti wening
Kadang ngerti endi sing bener kadang ora
Pikiran iki ora mesti waspada
Kadang ngerti endi sing nyata kadang ora
Kui anjalari wewayangan kui tansah gumlibet

Dudu salahe wewayangan kui ana
Ananging aku wae kang durung sampurna ing kawaspadan
Kadang waspada
Kadang lena
Ananging akeh lenane

Ing babagan siji iki pancen aku isih lugu
Mula kuwi tansah dadi alangan
Amung kulina ngadepi kang nuwuhake
kawaspadan

Kang tak ajab
Cukup wewayangan kang gumlibet ing impen
Lan ora kadadean ing kanyatan

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Senin, 25 April 2011

SAKWUSE PATEMON PATEMON

Kadadean iki ora sakmestine
Ananging ora ana kang ngerti lakuning pepesten
Ing patemon pisanan ora ana apa apa
Ananging patemon patemon terus kadadean
Lan owah owahan kawiwitan mbaka sithik
Wusanane kahanan dadi ora biasa meneh

Sakwuse patemon patemon kui
Esem kang maune katon tanpa makna
Saiki malik dadi amranani
Anjalari ati kang maune anteng
Saiki tansah molak malik
Kadangkala jejogedan kekiter
Liya dina meneng susah

Sakwuse patemon patemon kui
Solah bawa kang maune katon lumrah
Saiki dadi narik kawigaten
Njalari pikiran kang meneng
Saiki tansah mobah mosik
Kadang kala kebak werna werni
Liya dina suwung tumlawung

Sakwuse patemon patemon kui
Dina dina kang biasa dadi dawa lan abot
Wengi kang sepi dadi kebak pangimpen
Udan, terang, panas, adem lunga teka

Terkadang
Ana pangajab ubenge donya iki bisa mandeg
Lan kahanan bali kaya wingi uni
Bali sepi lan tentrem
Ananging pangajab tetep dadi pangajab
Roda wektu wus bacut mlayu
Ora bisa kabalekake

Dina dina terus lumaku
Donya iki terus mubeng
Roda wektu terus mlayu
Prahara iki bakal terus kadadean
Saklawase...

kotagede , April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Minggu, 24 April 2011

GODHA RENCANA

Godha rencana iku pancen wasis
Dheweke mangerti yen aku ora doyan kadonyan
Mula nggiri godha aku ora liwat kadonyan
Dheweke ngerti pangapesanku ana ing ati

Sak wijining dina dheweke tumeka marang aku kang lagi pas kalenan
Mbanjur namakake jemparinge kanthi alus tan karasa
Lagi karasa mbareng wus tumancep jero ing pulung ati

Sanadyan amung jemparing ananging tumancep jero ing ati
Lan dayane anjalari ati ora jenjem
Lan tansah umyeg
Uga mahanani sakebehing paripolahku
Paningal dadi ora permana amarga tansah kamikatonen
Talingan dadi suda amarga tansah kamirungonen
Pikiran dadi kerep nglambrang ra karu karuan
Awak dadi dahwen ing pakaryan
Njalari aku dadi kateteran ing madyaning pabaratan iki

Anangin bejaning awak aku isih eling
Kawaspadanku jumedul sanadyan wus kadaluwarsa
Aku eling yen kabeh laralapa iki amarga jemparing kang tumancep
Mula aku bisa nglawan kabeh karep kang ora sakmestine
Amarga dayaning jemparing iku

Aku dadi pengin mangerteni
Sepira suwene jemparing iki krasan tumancep ing ati
Sepira suwene dayaku bisa nglawan dayaning jemparing iki
Lan ing tembe sapa kang bakal kalah ing pabaratan iki
Aku kang bakal kapanjingan daya jemparing iku
Apa jemparing kui tetep tumancep anganging tanpa daya

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Sabtu, 23 April 2011

MLAYU SAKA WEWAYANGAN


dening : chahyo

Wewayangan kui tansah tut wuri
Tan kendat kupiya nedya ngoncati
Saka rahina nganti lingsir wengi
Ananging petenging wengi tan bisa anyirnakake
Kepara nambahi cetane
Nganti sun rewangi lumayu tekan ing pucuking arga
Ananging wewayangan iku malah disiki ing kana

Jumeglure ombak kang nabrak pereng
Gumluduge gelap ngampar
Uga udan lan prahara kang anjalari dahuru
Tan andadekake wewayangan iku luntur
Kepara tambah gumawang ing tawang

Wewayangan iku tansah nggubet sukmaningsun
Andadekake maneka warna rasa
Bungah, susah, sepi, uga nglangut kang teka lunga lir gumanti
Kaya lir gumantining udan lan panas
Kang njalari sela ambrol lan kayu dadi gapuk

Jagad kaheningan manjinga ing angganingsun
Usadanana panandang ingsun
Padangana atiningsun kang lelimengan
Supaya wewayangan iku sirna
Salawase saka atiku‌

kotagede,

April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Jumat, 22 April 2011

RASA KANG KAPENDEM


dening : chahyo

Rasa iki pancen ngewuhake
Adreng pengin weruh
Ananging....
Sakwuse mangerteni yen bisane amung nyawang kewala
Tan bisa ngapa ngapa
Tundhone malah amung ngungun
Wekasane kadya bocah kang amung nyawang layangan tatas
Nedya melu ngrayah ananging datan duwe uthik
Utawa kadya bocah angon kang nedya nggiring kewane
Ananging datan bisa awit datan duwe pecut

Hapsari kang aneng kahyangan
Tetepa sliramu ana ing kono
Kanthi esemira kang anyemekake tanem tuwuh
Lan nggawe grengsenging panguripaningsun

Ingsun mangerti sapa sajatiningsun
Ingsun amung sudra kang ngulandara abadan sapata
Tanpa papan lan panggonan
Yekti ora saktrepe yen anggadhang nggadhang sliramu

Hapsari kang aneng kahyangan
Sira aja was sumelang
Ingsun dudu janma kang adigang adigung adiguna
Kang seneng angruda paripeksa
Ingsun datan bakal ngrabasa kahyangan
Supaya bisa amboyong sliramu
Ingsun datan mentala yen sira aneteske waspa
Awit tumesesing waspanira
Andadekake prahara ing saklumahing buwana
Lan anjalari lemah subur dadi cengkar

Hapsari kang ana kahyangan
Cukup tumrapingsun nyawang pari polahira saka kene
Rasaningsun iki cukup aneng atiningsun
Datan perlu kamangerteni dening liyan
Lan bakal sirna bareng leburing jasadingsun

kotagede,

April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Rabu, 20 April 2011

TAN BISA MINGKUR

dening : chahyo

Tan kendhat anggonku kupiya mingkur
Pandelengan wus mawas kadohan
Ananging ati iki tetep kenceng datan mosik
Kepara malah mlaku dewe marani sing tak dohi
Kamangka wus kamangerteni yen iku amung muspra
Kaya laron kang marani padange oncor
Wus mesti bakal kobong

Prakara kang kawawas sepele iki
Pranyata ngremit
Angele ngluwihi ngudhari bolah ruwet
Wus kadung kadlarung dlarung
Wekasane kaya ngene iki tundhone

Aku wus kadung tiba kesandung lan tatu
Apa aku kudu sakteruse gumlethak
Ora...
Iki amung godha cilik ra sepira
Aku kudu bisa bali ngadeg lan jumangkah meneh
Mawas paran lan nglaleke rasa
Senadyan abote tan kaya kaya

Paran katon saya adoh
Laku dadi saya dawa lan abot
Yen rasa iki tansah kagembol
Aku kudu age age ucul saka kahanan iki
Supaya bisa ngrampungke laku

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Sabtu, 16 April 2011

LAYUNG ING WAYAH SORE

dening : chahyo

Wus sawetara suwene ati iki njajah desa milangkori
Angupadi pandhita kang lumuh ing ngelmu wanuh ing laku
Kang bakal amejang tirta wening pangruwat rasa
Kanggo nyirep sengseming sunar layung
Ara ara, segara, arga, wana wus kaliwatan
Rina lawan wengi tan kendhat angone lumaku
Ananging tetep tan bisa anemokake

Kupiya kang tanpa guna
Anjalari sayahing jangkah
Pungkasane amung bisa meneng tanpa daya
Pranyata amung meneng wae datan bisa

Amarga...
Senadyan talingan ing madyaning wengi kang sepi
Ananging kang kaprungu suaraning oceh ocehan ing wayah awan
Senadyan netra ing pucuk arga
Ananging kang katon karameane kutho ing kadohan
Sanadyan lathi iki mingkem rapet
Ananging ati tansah tetembangan kidung duhkita

Pranyata...
Ati iki wus kadung keyungyun
Ati iki wus kadung kelepan rasa
Ati iki durung bisa mingkur
Ati iki durung bisa kalulutake
Ati iki kadung kablerengen...
Marang edining sunar layung

Pandhita sangsaya angel katemokake
Apamaneh tirta wening
Amarga layung ing wayah sore iku...
Tansah angreridu
Tansah nggegiri godha
Kadung angliputi langit wayah sore

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

Rabu, 13 April 2011

SANDANGAN

Angen angen sumundul ngawiyat
Tan jumbuh mrang cekaking pambudi daya
Karsa maneka warna
Tan jumbuh mrang dahwening cipta
Pangrasa ngulandara tan mulat ing kahanan

Asta cendhak tan trengginas tansah cupet lan luput ing panjangka
Suku cendhak tan trengginas cekak jangkahe lan tansah kesandhung

Prahara teka matungka tungka
Saka kanan kering ngarep lan mburi
Anjalari makaping kaping niba tangi
Ati kang gampang malah digegampang tibake
Lathi kang tan bisa ngucap ora pungkasane ngrekasake dewe

Ananging sakabehe kui wus kangerteni lan kaantepi
Kabeh kui amung sandhangan
Ing donya mono amung sak kedheping netra

Ala lan becik bakal kalukar ing wusana
Sungkawa duhkita tan becik kadawa dawa
Becik tansah andedepe
Bakal sae ing tembe

kotagede,
April - 2011

ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

MAWAR MEKAR

dening : chahya

Wayah esuk sumirat bang ing wetan
Mratandhani jumedule bagaskara

Sunare sumorot madhangi mawar ing sakwijining taman

Kanthi sunare kang gumilang 

Surya nyawang mawar kang lagi mekar

Sumringah abang warnane mawar
Katambahan  pating prentul embun esuk kang tumempel
Saya nambah seger yen sinawang

Anggawe sengseme bagaskara

Pating plepering kupu kupu
Lan ocehing manuk manuk
Uga kluruke ayam alas ing kadohan

nambahi gayeng taman iku


Tan kendhat saka esuk awan tumuli sore
Surya tansah nyawang mawar iku

Pedhut lan mendhung tan bisa ngalangi alangi sorot sunare

Ananging wektu terus lumaku
Wayah sore ora bisa digondeli
Wayah ndalu bakal anggenteni
Surya kudu angslup ing langit kulon

Kanthi abot ing laku
Surya ninggalake mawar kang lagi mekar iku
Kanthi pangarep arep
Bisa nyawang mawar maneh ing esuk candake

Kotagede , April - 2011
oooooOOOO()()OOOOoooooo

Senin, 11 April 2011

KEMEREN KANG ORA GUNA

dening : chahyo

Manuk ing angkasa pating bleber
Lepas abure nrabas mega

Gunung ing kadohan pating jenggeleg
Ora ngrewes tumiupe angin

Andadekake kemerening godhong garing
Kang ora bisa mabur
Lan tansah kabuncang tumiupe angin
Tanpa duwe daya nglawan

Manuk...
Kenapa ora nggawa klaras mabur
Gunung...
Kenapa ora nutupi klaras saka tumiyupe angin
Pancen kudu ngono

Awit...
Ora guna nggawa klaras mabur
Ora guna nutupi saka tumiyupe angin

Amarga klaras ora bakal weruh langit kang biru
Lan klaras wes sakmesthine kabur kanginan
Lan lebur campur lebu
Kang salawase mapan ing ara ara kang garing
Kemeren kang ora guna

kotagede , maret-2011
oooooOOOO()()OOOOoooooo

Minggu, 10 April 2011

KELEM

Kali iki mili banter
Akeh wong padha kintir lan kelem
Aku wus nyoba ora kelem
Lan ora gawe keleme wong liya

Ananging wong wong kang kelem kui
Polahe pating jempalik
Tangane pating srawe
Nggereti apa wae sing nang cedhake

Anjalari aku katut kelem
Apa aku kudu ngelemke wong supaya aku ora dikelemke

Ora... Aku aja nganti ngelemke liyan
Aku kudu tetep kemambang tanpa ngelemke wong liya
Kepara malah gawe kemambange wong liya
Supaya bisa tekan ing laut bebarengan

kotagede,
maret-2011

OOooooOOOOOOOOooooOO

DALAN

Ana sawijining dalan

Dalan kui ciut lan kasar

Sakdawane dalan kebak sastra lan tulisan

Mlakune kudu nggunake lisan, raga lan pikiran

Dalan iki dawa kanggone kang cupet pikire
Lan saklawase bakal ing dalan iki
Ananging amung cedhak kanggone wong kang wicaksana
Lan mangerti pungkasane dalan
Ananging ora ateges pungkasane laku

Awit bakal isih ana dalan liya
Kang beda cara lakune
Dalan kang alus tanpa sastra lan tulisan
Amung bisa kalakoni kanthi rasa

kotagede ,
maret-2011

OOooooOOOOOOOOooooOO

Sabtu, 09 April 2011

PAPAN SENGKERAN

Lelungguhan ing empering omah
Kahanan krasa tentrem

Ananging
Kagawa angin sore kang arum
ngambar ambar
Awaku kumleyang tanpa daya Aku tekan ing sakwijining papan kang
endah

Ing kene kumajaya lan kumaratih
asring kakaron sih
Papan iki kudune tak singkiri
Amarga papan iki akeh omben omben lan candu
Yen nganti lumebu bakal lali
purwaduksina
Amarga mendem

Akeh sutapa kang kagodha papan iki
Lan ora bisa nerusake lelakune

kotagede ,maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

HENING

dening : chahyo

Tengah wengi
Sakjroning sepi
Kagawa ilining napas
Suara suara saya anteng
Sunaring diyan saya peteng
Rasa saya ra krasa
Kumleyang dewe menyang...
Suwung
Hening

Ora ana aku
Ora ana sapa sapa
Ora ana apa apa
Ora ngapa ngapa
Jagad cilik jagad gede sirna
Wektu mandeg
Papan ilang

Lebur
Kabeh nyawiji
Aku papan wektu
Purwa madya wusana
Dadi wujud sawiji
Wujud sejati
Sangkang paraning dumadi
Sempurna jati
Jatining sempurna
Hong...

kotagede ,
maret-2011

Jumat, 08 April 2011

LUKISAN SAKA KEBUL

dening : chahyo

Kanggoku uwis cetho
Yen dalan iki buntu
Ananging sikil iki angel diendheke
Amarga angin banter njalari terus lumaku
Angin kui terus mbisiki yen ing kana ana taman kang endah
Lan iku njalari aku terus mlaku nuruti angin
Pancen nang kana ana taman lan widadari
Ananging taman ora bisa dileboni
Lan widadari amung bisa kadulu
Awit taman lan widadari kui amung lukisan saka kebul
Lan bakal ilang ing wayah esuk

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

PAPADHANG

dening : chahyo

Papadhang

Anjalari aku weruh endahing taman sriwedari uga wengising bethara kala

Anjalari aku krungu gendhing lokananta uga suaraning brantayuda
Anjalari aku ngrasakake lumere kulite dewi sinta uga panasing geni kawah candradimuka
Anjalari angen angenku sigrak kaya polahing anoman mlumpat mlumpat ing witwitan

Ananging merga pepadhang uga aku lali marang pakem

Kelir kang kudune padhang malah dadi peteng

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

PITAKONAN

dening:chahyo

Marga apa jangkahku cupet
Kepara kliwat
Sing tak ranggeh luput
Angen angenku nyebal
Kabeh impenku ilang nalika tangi
Ora dadi wujud sing nyata
Kabeh pangucapku mung mandeg ing lathi
Ora bisa karungokake dening liyan
Kabeh kui uwis pestine
Apa aku sing kleru arah
Kabeh kui bakal sak teruse apa sakwetara
Arep takon marang mega
Ananging aku dudu manuk
Arep takon marang surya
Ananging aku ing tengahing wengi

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

KIDUNG PANEMBAH

dening : chahyo

Embun kang anyes
Angin kang sumilir seger
Angeting srengenge wayah esuk
Kabeh ilang kelem ing sakjroning
kidung panembah
Laladan kang maune regeng dadi
sepi
Kukupan kang maune gayeng dadi wening
Manuk kang pating bleber padha
mencok
Sepi... wening... kaya wayah esuk ing ara ara
Ananging mendung peteng tumeka nang ndhuwur kali
Kasusul udan deres kang anjalari
banjir
Kali kang bening dadi reged kebak slangkrah

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

GENI BIRU

dening : chahyo

Wus sawetara suwene Geni kui tansah murub
Ananging wus ora krasa panas maneh
Amarga aku wus kulina kobong
Sakjroning geni kui aku malah
jejogedan
Geni kui saiki wus malik biru
Angin tumiup banter
Ananging ora anjalari gedhe
Banyu uga ngelemi
Ananging ora anjalari sirep
Geni kui wus ra bisa ngobong maneh
Geni kui malah dadi lan rupaku Uga dadi pepadang rikala nang
petengan
Embuh tekan kapan geni tansah murub

kotagede , April-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

PARAGA

dening : chahyo

Kaya kaya ombak iki uwis lerem
Pranyata gisiking samudra isih rob lan surut
solah bawa kui nyata amranani
Ati dadi nembangake kidung geni kang ngobong kayangan
Kang anjalari kamajaya nglepasake jemparing
Paraga kang lugu kui nyata njalari runtik
Warana waja tan kuwawa nahan deresing rasa
Amung tansah cecaketan kang bisa ngleremake
Wiwit kui adam katundung saka swargaloka
Lan kasangsaran dawa bakal kawiwitan

kotagede , April-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

MADYANING BEBRAYAN

dening : chahyo

Ing madyaning bebrayan
Ora katon endi kang nyata endi kang udu
Akeh sing tetumpakan turangga
Ananging
Wismane kageden empyak kurang cagak
Ana sing katon ora pakra jebule bathok bolu isi madu
Jeneng janma mono tan kinira
Ana sing seneng tangane nang nduwure tangane liyan
Iku kang prayoga
Awit bandha kang sejati yaiku sing diwehke liyan
Unduh unduhane ing alam wusana
Bandha kang di nggo dhewe
Bakal ditinggal

kotagede , April
-2011

OOooooOOOOOOOOooooOO

REMBULAN

dening : chahyo

Arepo sikilku ngambah bumi
Ananging awaku mabur ing awang awang
Mripatku nembus mega nyawang langit
Anyepe udan wengi wis ra karasake
Lan rembulan andhadhari sing tak ranggeh kui
Sunare ora tumuju nang aku
Pancen panggayuh sing ra guna
Amung tanganku wae sing neka neka
Aku kesel mabur terus
Aku pengin ngrasake padete bumi
Kaya wingi sakdurunge weruh rembulan
Wingi ngrasake wedang teh karo udud wae wis marem

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

KACA

dening : chahyo

Ketiga dawa nerak
Tanduran podho alum
Godhong kang gugur campur lemah garing
Kasempyuh angin sumebar ngregeti kaca
Dadi ian ngetoke wewayangan beda
Wujud asline nang njeron kaca katutupan rereget
Angin kang tumiyup kang kudune ngresiki ngandut lebu
Malah anjalari saya burem
Mendung kang diantu antu dadi udan
Tansah buyar sakdurunge dadi mega
Angin ngandut lebu saya garing saya banter
Kaca reged selak rusak

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

ANGIN

dening : chahyo

Angin Tetep wae angin
Nanging beda akibate
Kadangkala tumiyup dadi prahara
Kang ngrusak katentreman
Kadangkala tumiyup alon anyep ing
kulit Lan gawe sumringahing ati
Angin
Mungguh barang kang nyata
Bisa kagrayang
Bisa kadulu
Bisa kaambu
Bisa katekakake lan kaendhani
Angin
Pranyata duwe karep dewe
Yen lagi nrajang ora perduli
Liwat ngono wae tanpa kandha
kandha
Kang keliwatan
Bakal kabur kumleyang tanpa daya

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

UDAN ING WAYAH SORE

dening : chahyo

Mendung kui kagawa angin salah mangsa
Sureme nutupi biruning langit
Ngumpul lan dadi udan wayah sore
Ing ara ara amba tanpa pengeyupan iki
Jiwa kang lena ora nggraita
Yen bakal ana udan
Dadi kademen atine
Udan kang ora sakmestine
Anjalari kali dadi banjir
Banyune ngluberi pikiran
Jiwa kang lelana..
Kowe tau nantang langit
Saiki langit njawab panantangmu
Kena udan kowe wis bingung
Apa meneh yen kena prahara

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

ANGEN ANGEN SAK JRONING SUMPENA

dening : chahyo

Nimas,
Esemira kang sepet madu
Anjalari tanem tuwuh padha semi, thukul lan ngrembaka
Kembang kembang pada mekar
Netranira kang sumunar
Anjalari padhanging jagad gumelar
Sumilaking mega lan pedut kang nutupi sunaring surya
Solah bawamu kang anglam lami
Anjalari lir gumantining dina lan mangsakala
Uga ubenging cakra panguripan
Nimas,
Amung pangalembana kang bisa sun lakoni
Awit sliramu tansah ana ing awang awang tan bisa rinengkuh
Nimas,
Tumuruna supaya astanira bisa sun gandheng
Lan lumaku bebarengan kakaron sih
Lelangen ing samodra asmara lan jagading bebrayan
Nimas,
Ingsun rumangsa yen iki kabeh amung angen angen ing jroning sumpena
Awit sliramu tansah nyawang kadohan
Tanpa nyawang ingsun kang ana ngisor kene

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

SUMPING MELATI

dening : chahyo

Ing sak tengahing paprangan
Wus sakmesthine kembang mlathi iku di ujarke
Nanging malah kapethik kepara kagawe sumping
Arume kang ngambar ambar anggawe tumekaning pedhut
Pandulu dadi surem
Satemah kena jemparing
Tumancep ing jaja tumusing ati
Pikiran dadi sumyur ora kuwat neruske perang kang iseh dawa
Melathi wus kabuwang
Ananging...
Pedut isih angendanu
Jemparing isih tumancep
Ganda arume isih ngambar ambar

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

KAMARDIKAN

dening : chahyo

Aku mlebu pakunjaran iki marga kabecikanku dewe
Uga marga aku ora bisa ngomong ora
Aku pengin merdika
Ananging ilining panguripan ngelemke awaku
Aku keli lan terus keli nganti glagepan ra bisa ambegan
Apa pancen wis kinodrat aku kudu dadi lilin kang tansah aweh pepadang nganti lumer
Ora ana kamardikan ing urip iki
Kamardikan kanggoku amung nglengkara
Kamardikan kang duwe amung kewan kewan kang ra ngerti pranatan

kotagede , maret - 2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

DONYAKU LAN DONYAMU

dening:chahyo

Donyamu bareng pleteking surya lagi kawiwitan
Donyaku bareng angslupe surya bakal
pungkasan
Donyamu kebak reroncening
rerancangan lan impen kang edi peni
Donyaku kebak pepeling, pepesten,
duhkita lan sungkawa
Donyamu isi diri pribadi
Donyaku isi ati sanubari
Donyamu mangetan playune
Donyaku mangulon parane
Donyamu lan donyaku
Beda rupa lan warna
Uga beda kala mangsa
Donyamu lan donyaku pantese ana
papane dewe dewe

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

PRENTUL EMBUN

dening : chahyo

Aku ora bisa selak yen ing ati ana embun kang mrentul
Kang bakal tumetes dadi banyu
Kang bakal nukulake wit witan
Uga mekarake kembang kembang maneka warna
Iku mau kadadean yen wayah isih esuk
Nanging iki wus wayah sore
Wit witan wis pada mandeg tukule
Kembang kembang wis bakal mingkup
Ing kahanan kang saya kekes ngene
Tumetesing embun malah dadi pedut
Kang nggawe surem
Embun esuk kenapa kowe telat teka?

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO

Kamis, 07 April 2011

KUCIWA

dening : chahyo

Srengenge kang jumedhul kui
Anjalari,
Ana manuk manuk kang padha
ngoceh
Ana kembang kembang kang
padha mekar
Ananging kui kabeh amung muspra
Sebab,
Manuk manuk amung bisa
karungukake ocehane
Tanpa bisa andarbeni Lan kembang kembang amung
mekar sawetara
Ora bisa kasawang sateruse
Pancen kadadean kang nggawe
cuwa
Srengenge,
Marga kowe tuwuh kadadean
kang ora nyenengake
Srengenge,
Kowe kang salah apa aku kang lagi kuciwa ?

kotagede , maret-2011
OOooooOOOOOOOOooooOO