Kamis, 25 Maret 2021

GATRA

Sawijining gatra kumambang ing tawang
Sunaring baskara datan bisa nyuremake
Kandeling mendung datan bisa nyamarake
Petenge wengi uga datan bisa nyirnake
Ananging malah nambah cethane
Jantraning panguripan kang nyakra manggilingan
Lir gumantining mangsa 
Bot repoting lalakon
Ruwet rentenging panguripan 
Anjalari gatra iku saya samar 
Lan saya sirna kintir ana ing ilining waktu

MANUK EMPRIT

Manuk emprit,
Kena apa sira tansah kekiter ngubengi awaku 
Tansah ngetutke langkah alonku
Nang kene aku wus meh mandeg amarga kentekan jangkah
Kamangka elarmu isih kuat ngaplak
sira isih bisa mabur duwur ngungkuli mega
Manuk emprit,
Lalekna bumi lan isen isene
Kae ana kluwung dalane para widadari
Mabura mrana tumuju kahyangan lan dadia manuk merak
Rupamu kang anyar bakal gawe sengseme para dewa