Jumat, 19 Mei 2023

MOLAK MALIKING JAMAN


dening : chahyo

Dina terus lumaku
Wektu terus mubeng
Suwening suwe kabeh ngalami owah owahan
Saiki jaman wus ganti
Panguripan uga wus malik
Hawa sing ndisik seger
Saiki dadi panas sumuk

Kali sing ndisik mili resik
Saiki dadi mambeg reged
Papan kang ndisik bawera arang pomahan
Saiki sumpek lan padhet

Panguripan uga ngalami owah owahan
Uwong uwong sing ndisik semanak marang liyan
Saiki ambeg marang sapadha pandha mburu butuhe dewe
Pamong praja kang kudune mbangun negara
Malah padha ngubal ubal dhuwit negara
Wong pinter padha keblinger
Pendhita padha adol ngelmu

Aku kelingan dhuk nalika semana
Playon turut galengan
Kang saiki dadi gedhung gedhung
Lelangen ing kali
Kang saiki kanggo ngilekake rereged
Mlayu mlayu turut dalan padesan
Kang sepi
Nanging saiki dadi dalan kang padhet tetumpakan
Ngundho layangan ing langit kang biru
Kang saiki malik reged dening kebul pabrik

Alas kang ijo royo royo
Padha ditegori uwite
Lapangan kang jembar
Saiki dadi perumahan
Kewan kewan padha diburu
Kanggo kelangenan tanpa rasa welas

Kaya kaya wis ora ana sing bener
Wis padha lali marang alam
Jer wong urip mono amung sakdrema manggon
Ananging tundhone malah ngrusak
Kaya kaya alam iki duweke dewe
Ora mangerti yen alam iki uga urip
Yen rinasa manungsa amung gawe kapitunan
Alam bakal tumindak supaya ora tambah rusak

Mula kadadean bencana alam ing endi papan
Dudu salahe alam yen dheweke malik
Ananging manungsa kang anjalari alam malik
Alam saiki dudu mitra meneh
Awit manungsa wus lali memitran marang alam

kotagede,
April - 2011
ooooooOOOO()()()OOOOoooooo

KABESEM ING LATU

Dening : chahyo

Mangsa gilir gumanti tanpa uwis
Jantra trus gumuling ninggal garis
Bayu kang tansah nerak tan anjalari tipis
Ananging malah saya kĕtawis
Dadi lan angĕbaki ing samukawis

Mawa kapĕṇḍĕm sangsaya mĕngangah
Panase sumĕbar saka jroning manah
Ambĕsĕm rasa datan bisa polah
Dadi lan pengung ing satemah

Wingi uni rasa iki datan kawistara
Suwening suwe saya ngambra ambra
Sok sapa kang sĕnĕng dolanan dahana
Wus meṣṭi bakal kobong ing wusana

Keḍung wus kaḍung kacemplungan watu
Saka njaba tan katon kadulu
Ananging watu tĕtĕp ing jero sakdawane wektu
Salawase tan bakal bisa mĕtu

Kotagede , Maret - 2012