Senin, 12 Maret 2012

OWAH OWAHANING JAMAN

Dening : chahyo

Pradesan ilang kumarane
Bengawan ilang kedunge
Pasar ilang gumrenggenge
Mratandhani wus malik jamane

Owah owahan uga ana ing praja
Raja adigang adigung adiguna
Nayaka ngumbar angkara
Punggawa nilar laku utama
Kawula padha mbalela

Pranatan ora kagunake
Paugeran padha kalirwake
Putra duraka mrang wong tuwa
Pramudha padha tumindak dursila
Wong tuwa padha murang tata
Manungsa lali mrang sapadha padha
Wus padha kelangan trapsila

Jagad uga owah kahanan
Yen ketiga nerak dawa sumur padha kasatan
Yen rendheng udan prahara banjir ing endi endi papan
Lelara saya pepak tanpa kausadanan

Iki owah owahaning jaman
Apa pungkasane jaman
Apa gagrag anyare jaman bakal kawiwitan
Sing mangerti amung Sang Mahawikan

Kotagede , Maret - 2012

Tidak ada komentar: