Selasa, 20 Maret 2012

KANG DIANTI CIDRA ING JANJI

Dening : chahyo

Tetuwuhan semi nuli thukul ngrembaka
Ombak lunga lan teka ing gisik segara
Mangsa lir gumanti antaraning rendheng lang ketiga
Semono uga gumilire ratri kelawan rahina
Iku mratandhani lakuning jantra mangsakala
Kang mahanani mobah mosiking ing sedaya

Ananging ana kang tansah ora ambedani
Kartika tansah kelap kelip ing angkasa wayah wengi
Bagaskara tansah jumedhul ing pungkasaning ratri
Banyu kali tanpa kendhat tansah mili
Kadya ilining rasa kang mili ngugemi prasetyaning ati
Rina wengi tansah lungguh sakjroning panganti anti
Ndulu kadohan ngajab tekane geganthilaning ati

Wusanane ing sakwijining dina
Kang kagadhang gadhang teka
Ananging kanyatane luput ing panggraita
Kang kinanthi anganthi paraga liya
Kamitenggengen merga ora percaya
Ati krasa rinujit rujit saknalika
Pasuryan tumungkul netra kumembeng waspa

Asta kang asring  kagandheng ing rikala semana
Saiki wus gandheng wong liya
Asta kang asring karegem ing rikala semana
Saiki driji manise wus kanggonan kalpika kencana

Kotagede , Maret - 2012

Tidak ada komentar: