Kamis, 12 April 2012

KRIKIL KRIKIL

Dening : chahyo

Krikil krikil saka wektu kawuri
Mbleder ngregeti margi
Ing sikil tansah anatoni
Tansah ngeresing ati
Anglilipi pangeksi

Duk rikala semana
Ana kadadeyan kaukir ing sela
Tumuli rinipta dadi gapura
Minangka korining marga
Kanggo murwakani laku tama

Lakuning jantra tan kena kanyana
Ana prahara tumeka
Gapura lebur saknalika
Dadi krikil krikil sawala
Ngregeti sakdawane marga

Krikil krikil kang wus kintir
Sumingkir katrajang wektu kang gumilir
Ana angin tumiup sumilir
Ngubal ubal satemah ngebaki pikir
Laku jejeg dadi muntir muntir

Banyu bening sonyaruri
Mili mintir ngebaki ati
Ngelepi krikil krikil kui
Kang baka sithik keli
Tan ana sing keri
Kajaba tatu ing ati

Kotagede , April - 2012

Minggu, 08 April 2012

TUMUJU DIRI

Dening : chahyo

Tangi saka remukaning angen angen
Amulat ngiwa nengen
Katon alam jembar tanpa wangen

Binarengan wiramaning ndalu
Kairing sumiliring bayu
Miwiti laku kang wus kantu
Alon nanging grengseng ing kalbu
Tumuju tepining pandulu

Mandireng pribadi
Tan bisa mitra kakanthi
Awit lelaku tumuju diri
Kang kaupadi dumunung ing ati
Urip jati kang dadi wewadi

Prang tanpa bala
Angrabasa brahala jroning nala
Kalakoni tanpa mangsakala
Tansah kabudi daya
Sakjroning melek lan nendra
Paripurnane yen wus tumekeng pralaya

Kotagede , April - 2012

MARGA SEJATI

Dening : chahyo

Nalika reribet anyingget pikiran
Pepeteng anglimputi kahanan
Bebener katutupan
Samubarang ora kawruhan
Katone bener kleru ing delahan
Lamun luput bener ing kawusanan

Nalika jatining sasmita kaweca
Kori binuka
Sumorot gumilanging cahya
Anelahi amadhangi nala
Mahanani sumilaking pedhut mega
Sembarang lir terang tarwaca
Kak lan batil nyata nglegena
Marganing kaswargan katon cetha
Nggaris lempeng tumuju cakarawala

Sakdawaning margi
Kebak puspita warna warni
Anggiri godha ati
Yen ora kawawas kanthi permati
Kui godha kang anggegiri
Bakal ngalang alangi pangeksi
Lan ngrendheti lampahing dhiri
Tumuju kasidan jati

Kotagedhe , April - 2012